Latest Comments

Home arrow Lifestyle arrow Arts & Culture 


Sastra Jawa: Hidup Segan Mati Tak Mau
User Rating: / 0
PoorBest 

 

Urip Wegah, Mati Emoh

Basa Jawa, khususe sastra jawa durung mati. Senajan siswa lan wong-wong kang dhuweni kepenginnan Sastra Jawa tansaya sepi saben taune, nanging Sastra Jawa tansah “eksis” bertahan ing ramene jagat sastra. Minoritas ora tansah ditegesi mati. Ananging tetepae dibutuhake reka daya supados tetep “eksis”. Namung “eksis” ae wis sae banget tinimbang nyata-nyata mati. Tetep tansaya gawe bungah yen kaaran “eksis” bisa mundhak dadi “popular” utawa kondang .

 


Apa ya bisa? Jawabane, ora ana sing ora bisa ing donya iki.

Nyawang lakune basa jawa sak iki, khususipun sastra jawa diumpamake “ mati suri”. Di kandhaake mati ora, nanging masiya urip ya kayata wegah. Ana aklbat musthi ana sebab. Miturut sejarah lakune sastra jawa ning Indonesia, ana telu cacahe sing bisa dadeake kedadean lesune sastra jawa. Sak wetara, yaiku:

1.    Saya arang khasil sastra jawa lan wong kang nulis sastra jawa
2.    Santere arus budaya “ global”
3.    Lan “ arogansi paradigma” sastra jawa lan sakabehe lembagane.

Saking arange sastra jawa lan wong kang nulis bisa dimaklumi amarga sastra jawa klebu penerbitan kang kategori “Hig Risk” utawa geshe pituna. Tegese ora ana tanggungan pasti yen produk iku mengko bisa di direspon apa maneh ditrima pasar. Sanajan ana, paling banter mung dadi konsumsi ning kalangan akademisi. Iku ae khusus pelajaran sing ana kaitane karo budaya lan sastra jawa. Sak liyane iku, kalangan awam utawa masyrakat, malah saka masyarakat jawa dhewe isih males mung kanggo nglirik apa iku sastra Jawa?

Masyarakat isih kangelan kanggo ngewruhi babagan khasanah budaya jawa sing ditulis buku-buku sastra, sing diweruhi manungsa lan sosial budaya Jawa raket kyata Wayang, Kethoprak, Basa Jawa Keraton kaliyan Unda-Usukipun sing paling njlimet, uga manungsa-manungsa sing luwih ning arah lelet, leyeh-leyeh, lan cethek etos pakaryan sarta sedaya kang dianggep stereo negative lan sing keri ing jaman.

Kanyatan saka wong jawa yaiku manungsa kaliyan dhuwur etos pakaryan. Kurang sethithik separuh luwih saka kabehe umur sing produktif nlng ibu kota Jakarta, pakaryan formal golongan inggil lajeng informal golongan andhap yaiku sing dominasi wong Jawa. Ugi wewengkon jelajah pakaryan wong Jawa saya ombo kanti sak jagad dunyo (bisa dijejerake sethithik ning ngisore wong Cina).

Ing Suriname ae, kelompoke wong Jawa nglungguhi peringkat katelu sawise Walanda, tur dhuweni hak kangge dhuwe Stasiun tivi dhewe sing kaaran Garuda Tv. Iku kabeh kaseksen yen etos pakaryan wong Jawa inggil sanget. Stereo negative mau mung gathuk kanggo priyayi ning jaman rikala semana. Lajeng dinten niki taksih kathah priyayi (diwaca : PNS) kang gawe busana modern gadahi etos pakaryan kaya priyayi ning jaman biyen. Makaya karo leyeh-leyeh lan ora ana target makarya lan pambudi daya makarya sing pasti. Sabab kabeh fasilitas disediaske karo Negara (Tunjangan, Pensiun,lan liyan-liyane)

Nanging eling masyarakat Jawa paling akeh makarya ning sector Swasta, wis pasti yen anggepan iku ora gathuk karo kondisi masyarakat sak iki. Dadi, sejatine Sastra Jawa sakiki sakwajibe kudu tata nyesuaikno jaman, yen isih pengin dilirik karo masyarakat. Yaiki tantangan kanggo penulis utawa Sastrawan Jawa.

Wis wancine wong-wong sakiki ngunggahno kabeh babagan sing ana ning dunya. Masiya ning skala global. Thithike cacahe pengarang Jawa, disa ae wiwitane saka bab lku.tema sing dijupuk isih sawetara masalah klaslik. Kayata budaya Kerathon, budaya adiluhung, budaya padesan sing apa anane, sarta budaya-budaya seni sing kurang diweruhi lan keri jaman.

Ora mung bertahan kao ngowahi genre, nanging kathah penulis Sastra Jawa tetep survive karo njupuk dalan sing cepet. Yaiku ngalih nulis Sastra Indonesia. Tegese dheweke mung bubrah basa Sastra karo Nasa Indonesia. Alasane mung gampang. Karo basa Indonesia para pamaca lan apresiator pastine luwih akeh.

Senajan kanyatane masyrakat Jawa lan sing gawe basa Jawa dhewe ana 80 yuta wong sak iki. Salah sijine komunitas sing ora disa dianggep sepele utawa isih wiwit yen kasebut kaliyan kepnahan basane (basa Jawa). Nanging tetep ae saya kuat opini yen buku sastra sing gawe basa Indonesia pasti saya ditrimo ning pasaran . ugi ana jaminan urip sejahtera. Jalaran saka babagan ning dhuwur akeh penerbit singwegah nerbitake sastra Jawa. Sakliyane factor thithike biaya, biaya produksi sing keliwat larang, serta upah utawa royalti pengarang musti nyesuaikno karo jaman.



Comments
Add New
Write comment
Name:
Email:
 
Website:
Title:
 
Please input the anti-spam code that you can read in the image.

3.26 Copyright (C) 2008 Compojoom.com / Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved."

 
  International
News, Politics, Business & Finance, ...

  Technology
Internet, Computers, ...

  Science
Academics, Education, Research, ...

  Lifestyle
Arts & Culture, Health & Medical, Hobbies, ...

  Entertainment
Books, Musics, Movies, ...

  Sports
Sports, ...